SHOLAWAT NABI


    Padang Bulan


    اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى

      سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ

    عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً

      دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ


    Padang bulan, padange koyo rino.
    Rembulane sing ngawe-awe 2X
    Ngelengake, ojo turu sore.
    E... Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore 2X

    Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine
    Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine 2X
    Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
    Anak putune, rame rame rebutan warisan 2X

    Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah
    Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah belah) 2X
    Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat
    Jebul kang teka - Jebul kang teka, nambahi fitnah 2X

    Iki dino, ojo lali lungo ngaji
    Takon marang, Kyai Guru kang pinuji 2X
    Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
    Insya Alloh, kito menang lan kabegjan 2X
    Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan
    Esuk-esuk, rame rame luru ramalan 2X

    Gambar kucing, dikira gambar macan
    Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan 2X
    Kurang puas kurang puas, luru ramalan
    Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan 2X
    Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
    Jebul kang takon - jebul kang takon, wis ketularan 2x