SHOLAWAT NABI


    HUKUM


    صَلِّي وَ سَلِّمْ دَئِمًا عَلَى احْمَدَا ۩ وَالْآلِ وَ الْاَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَا

    Ayo dho ngurangi nonton televisi
    Timbang nonton tivi luwih becik ngaji
    Ahbabul Mustofa wadah kanggo ngaji
    Kumpul poro Habaib lan poro Kyai

    Ayo bareng-bareng mangkat pengajian
    Kanthi ati seneng arep Sholawatan
    Ngajak tonggo-tonggo ngadak_ke rombongan
    Colt brondol disewo urun rong ewunan

    Sholat 5 waktu ayo podho njogo
    Jama’ah ning masjid bareng sa’ kluargo
    Ganjarane selawe celengan suwargo
    Malah bisa dadi pitulikur ugo

    Yen sholat kesusu ora bisa pernah
    Ruku’ lan sujud_e ditoto sing genah
    Sing khusuk lan khudur ugo tumak ninah
    Ngerteni sing wajib lan ngerti sing sunnah

    Yen kahanan longgar mikiro tonggone
    Mikir nang butuh_e sing kanggo blanjane
    Sajak perlu utang enggal di paringi
    Nanging ojo nganti njaluk anakane

    Lanang karo wadhon podho keluyuran
    Pamit ning wong tuwo jare pengajian
    Ing nyatane malah dho pacar-pacaran

    Budhal seko ngaji dho bonceng-boncengan

    Lanang karo wadhon manggon sepi-sepi
    Nyandhing senggal-senggol koyo’ kebo sapi
    Ngono kuwi dhuso nurut poro Nabi
    Ojo diterusno yen durung dirabi

    Klambine you can see utowo press body
    Mbukak aurot_e ora duwe wedhi
    Ngono kuwi podho karo mbukak wadi
    Bakal trimo sikso suk yen uwis mati

    Sopo wong_e taqwo ati dadi padhang
    Sopo wong_e taqwo urip dadi tenang
    Sopo wong_e taqwo rezeki dadi gampang
    Senajan BBM, lengo gas dadi larang

    Siro dipilih rakyat gaweo bungah rakyat
    Siro dipilih rakyat gaweo seneng rakyat
    Siro dipilih rakyat ojo ngapusi rakyat
    Siro dipilih rakyat ojo gawe gelo rakyat